Kamis, 09 Februari 2012

geguritan


GEGURITAN

Miturut kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru lagune ora ajeg.
      Dene miturut Subalidinata (1994: 45), geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar.
Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owah saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita, tegese tembang utawa syair.
Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastraan puisi kang werna-werna wujuding dhapukale.

      Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki.
1.       Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
2.      Syair telung gatra sapada = gita trigatra
3.      Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
4.      Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
5.      Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
6.      Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
7.      Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
8.      Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra
9.      Syair-syair dhapur sonata
10.  Syair bebas

      Babagan kang awrat saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorita, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca.
Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dasare geguritan iku
Diksi iku dudu mung pamilihane tembung-tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa (majas).
Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatane.
Dene gaya bahasa iku bagean saka diksi kang duwe nilai artistik (kaendahan).
Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunaake tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kaanan tartemtu.
Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake apa kanga rep diandharake ana ing geguritan iku.